Friday, September 26, 2014

L’Aveugle ( Wong Picek )

Sing Nggawé Crito : Guy de Maupassant
Sing Nerjemahké : Yobi Sardiyanto

- Kok iso-isoné padhangé srengéngé iso nekakné roso bungah? Nangopo kok yen soroté madhangi bumi, nggawé urip iki rasané seneng? Nang endi-endi langité katon biru, sawah-sawahe katon ijo, omahé katon putih-putih, terus mripat iki nyawang werno-werno sing cerah iku kang nggowo roso bungah teko njero ati. Banjur seko njero ati, dhéwé dadi pengen jejogètan,playon, tetembangan, mikir babagan kang nyenegaké. Pokoké dhéwé dadi pengen banget iso ndekep srengéngé.
- Wong-wong picek podho lungguh ning ngarep lawang, meneng wae, mergo kabeh katon peteng ing dino kang nyenengaké iki. Dhèwèké ora ngerti lan ora iso ngrasaaké opo sing dirasaaké wong liyo. Dhèwèké mung nggragap-nggragapi asuné sing sajaké
pingin ngajak dolanan.
- Yen wis wayahe surup, wong-wong picek mau podho bali ning omahé karo digandheng adhiné wadon. Yen adhiné ngomong: "Dino iki cerah banget." terus wong sing picek njawab: "Aku iso ngrasakké nek dino iki cerah. Kawit mau Lulu (jenengé asuné) ora
gelem anteng."
- Aku kenal salah sijining wong picek mau, sing uripé nelongso banget, nelongso sing ora naté kok bayangké.
- Dhèwèké wong ndeso, anaké tani seko tlatah Normandia (Prancis bagian lor). Mbiyèn pas bapak-ibuné isih urip, dhèwèké isih iso ngrasaaké roso aman. Tapi sakwisé wong tuwané mati, uripé dadi susah. Diopèni karo adhiné sing wedok, wong-wong ning ndésané wis nganggep dhèwèké koyo tukang ngemis sing nek arep mangan kudu njaluk-njaluk ning wong liyo. Saben sego sing diulu mung dadi bahan nyèk-nyèkan. Dhèwèké diceluk 'wong males', 'wong ra kanggo nggawé'. Senadian mas ipéné (bojoné adhiné) wis ngrebut jatah warisané, dhèwèké ora tau di wèhi mangan, paling mung dikè'i sithik sing penting ora sampèk mati keluwèn.
- Rainé pucet banget lan matané loro wernané putih koyo emping. Dhèwèké tetep meneng senadian wong-wong podho ngenyèk awaké. Sangking antengé sampek wong podho ra ngerti dhèwèké ngerti opo ora.
- Dhèwèké ora nate ngrasaaké welas asih. Mboké ora patek gelem ngurusi mergo nek ning ndeso, wong cacat sing ora iso kerjo iku dianggep nyusahke lan gawé repot keluargané.Wis koyo pitik wae, nek ono sing cacat mending dipatèni waé.
- Sakwisé rampung sarapan, wong picek mau banjur lungguh ning njobo yen pas musim panas utowo lungguh ning cedhak geni pas musim salju, wis ra lungo nang endi-endi manèh nganti mbengi. Dhèwèké ora obah, mung mripaté wae sing kedhèp-kedhèp, kadhang merem. Opo dhèwèké nduwé utek, nduwe kepinteran, opo dhèwèké sadar yan urip, ora ono wong sing pengen ngerti.
- Tahun-tahunan uripé yo mung ngono kuwi. Tapi mergo dhèwèké ora iso nglakoni opo-opo, keluargané malih jengkel. Dhèwèké mung dadi guyon, dadi hiburan, disenèni lan disio-sio keluwargané.
- Gampang yen mbayangké lelucon opo sing biso dilakoni mergo dhèwèké picek. Tonggo-tonggoné podho mènèhi sego karo ngerjani dhèwèké. Wektuné mangan dadi hiburan kanggo tongo-tonggoné sekaligus dadi sikso kanggo wong picek sing ora iso opo-opo mau.
- Tonggo-teparoné podho melu nonton hiburan mau, kabeh podho diceluki, lan saben dino wong-wong podho nglumpuk ning pawoné. Kadhang wong podho ngeculké kucing utowo asu ning cedhak piringé pas dhèwèké arep mangan. Kucing lan asuné sing ngerti yen wong mau ora weruh, nyedhaki piring terus mulai melu mangan, ndilati segoné. Asuné lèh mangan rodo berisik, marahi sing picek kroso, terus asuné mundur mergo arep dithuthuk sing picek nganggo sendhok.
- Wong sing podho nonton banjur podho ngguyu cekakakan. Sing picek, tanpo ngomong opo-opo, nerusaké mangane nganggo tangan tengen. Tangan sing kiwo dinggo njagani piringé ben ora didilati asu menèh.
- Liyo dino, poro tonggo ngekèk'i nang piringé tutup botol, cuwilan kayu, malah tahi barang yo naté, mergo dhèwèké ora iso mbedakné.
- 'Bar ngono, sakwisé marem ngerjani, mas-é nesu-neso mergo kudu ngurusi wong picek mau, terus ngamplengi dhèwèké, karo ngguyu mergo sing dikamplengi ora iso mbales. Terus ono maneh 'hiburan' anyar--Tonggo-tonggoné, tukang ngluku, réwang, nganti wong sing lagi lewat podho ngeplaki rainé wong picek mau. Dhèwèké ora iso umpetan. Mung iso meneng wae karo tangané obah-obah, njagani yen ono wong liyo sing arep nyedhak.
- Akhiré wong picek mau dipekso kon ngemis.
- Dhèwèké ditinggal ning pinggir dalan gedhé pas pasar lagi ramé. Yen krungu soworo wong mlaku utowo suworo dhokar, dhèwèké cepet-cepet ngecungké topine karo muni : "Nyuwun paring-paring."
- Tapi wong-wong tani kuwi podho ra gelem ngekèk'i, wis pirang-pirang minggu dhèwèké mulih tanpo oleh dhuwit saithik-ithiko.
- Dhèwèké terus dadi korban angkoro murko, roso sengit kang tanpo welas asih, nganti dhèwèké mati.
- Sak wijining dino pas musim salju, lemahé kabeh ketutupan salju kang beku lan atos banget. Esuk-esuk, mas-é nggowo wong picek mau nang dalan gedhé sing adoh banget supoyo dhèwèké iso ngemis. Sedino muput dhèwèké ditinggal dhéwé ning kono. Terus mbenginé, mas-é mau ngaku karo keluargané yen dhèwèké ora iso nemokné wong picek sing dikon ngemis mau. Terus dhèwèké ngomong:
- "Wis bèn. Ra sah repot-repot ngurusi wong iku. paling dhèwèké kadhemen terus ditulungi wong liyo. Ra sah wedi. Dhèwèké ora ilang. Sesuk mesthi enggal-enggal mulih mergo butuh mangan."
- Sésuké, wong picek mau durung mulih.
- Sakwisé nunggu suwé, kroso kadhemen lan sekarat, wong picek mau mulai mlaku. Ora weruh dalan, mergo dalané ketutup es kandel. Dhèwèké mlaku tanpo ngerti lor-kidul,kejegur ning kalèn, tangi manèh tanpo misuh-misuh, pokoké dhèwèké kudu iso nemokké omah kanggo ngiyup supoyo ora kadhemen.
- Tapi mergo sangking adhemé, salju sing tumibo nggawe awaké dadi kaku, sikilé sing lemes wis ra iso mlaku luwih adoh maneh. Dhèwèké nglemprak ning tengah sawah. Wong mau terus ora tangi maneh.
- Salju putih sing terus-terusan tumibo nutupi awaké kang kaku lan atos, nganti ora ketok mergo kurugan salju kang kandel, nganti ora ono sing iso dinggo tetenger nangdi nggoné wong mau kekubur.
- Sedulur-seduluré éthok-éthok rumongso kilangan, terus podho nggolèki nganti pirang-pirang minggu. Malah diréwangi nganggo éthok-éthok nangis barang.
- Musim salju wektu iku pancen adhem pol. Saljuné ora gampang ajur dadi banyu maneh. Saiki, dino minggu iki, pas arep nyang pasar, poro tani weruh akeh banget manuk gaok (gagak) podho mabur, muter-muter ning ndhuwur sawah, terus podho mabur mudhun koyo udan, teko-lungo teko-lungo.
- Nganti seminggu, manuk-manuk mau isih ono ning kono. Sing ning ndhuwur akeh banget, koyo-koyo kabeh gaok soko ngendi wae podho ngumpul dadi siji. Podho mudhun karo kowak-kowèk maring salju putih sing lagi dirubungi, kabeh podho nyucuk-nyucuk.
- Ono salah sijining 'cah enom sing nyedhak pengen ngerti, dhèwèké nemokké awaké wong picek mau, wis kari separo, dhèdhèl-dhuwèl. Matané sing putih wis ilang, dithotholi gaok kang cucuké dowo-dowo.
- 'Bar kui aku malih ora iso ngrasaaké seneng yen weruh soroting srengéngé mergo mesakké, ngèling-èling nasibé pengemis kang dianggep sampah masyarakat mau. Matiné kang nggegirisi kui malah dadi leganing ati poro seduluré kang ngopèni.

( Crito iki asliné ditulis nganggo Boso Prancis. Pertama diterbitké ning koran Le Gaulois tanggal 31 maret 1882)

No comments:

Post a Comment

Virtual Keyboard Aksara Jawa dengan PyGObject (Python3 + GTK3)

Aksara Jawa merupakan aksara Nusantara yang umum dipakai di pulau Jawa pada abad 15 hingga awal abad 20. Aksara Jawa sebenarnya dit...